Hanacaraka = Hananing Cipto Roso lan Karso
Datasawala = Datan Salah Wahyaning Lampah
Padajayanya = Padang Jagade yen Nyumurupana
Magabathanga = Marang Gambaraning Bathara Ngaton
Ha : Hamurip wening suci
Na : Nur Candra, gaib Candra, warsitaning candra
Ca : Cipto wening, cipto mandulu, cipto dadi
Ra : Rasa ingsun handulusih
Ka : Karsaningsun memayuning bawono
Da: Dumadining zat kang tanpa winangenan
Ta : Tata, Tutus, Titis, Titi lan Wibowo
Sa : Sifat fat ingsun handulu sifatullah
Wa : Wujud hanatan keno kiniro
La : Laya labuh kang resik lan suci
Pa : Papan kang tanpo kiblat
Dho : Dhuwur wekasane endek wiwitane
Ja : Jumbuhing kawulo lan gusti
Ya : Yakin marang samubarang, tumindak kang dumadi
Nya : Nyato tanpo diuruki
Ma : Madep mantep manembah maring ilahi
Ga : Guru sejati sing muruki
Ba : Bayu sejati kang andalani
Tha : Tukul saka niat
Nga : Ngracut busananing manungso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar